Social Icons

Pages

Rabu, 04 Januari 2012

BABAD DESA BONDO


              Dhek jaman mbiyen, Bondo menika alas ingkang subur lan segara ingkang indah. Bondo menika kaarteaken “Bondo”, yaiku donyo ingkang alami wonten ing alas ingkang subur. Utawi kalimpahan berkah dening alam ing tlatah Bondo mau. Bondo menika naminipun asale “Boundjauren” Yaiku name saking wong landa. Sing artine Bondo sing kalimpahan. Menawi ilate wong jowa sing kaku. Tulisan sing asale Boundjaureniku kawaka dadi Bondo Nganti saiki. Desa Bondo menika, naika mau kepimpin deneng Mbah Laut gunawangsa, yaiku sesepuh desa Bondo.
              Jaman semana Mbah Laut gunawangsa katekan tamu saking kasultanan Yogjakarta naminipun Mbah Toenggoel Woeloeng. Mbah Toenggoel Woeloeng menika taksih keturunan keratin. Nalika tekan desa Bond Mbah Toenggoel Woeloeng ngajak Mbah Laut gunawangsa mbabat alas ingkang rengket mau. Menawi arep dipundadeaken Desa kanggo urip anak lan putu mbesok amarga Mbah Toenggoel Woeloeng lan Mbah Laut gunawangsa kepengen netep ing Desa menika.
              Ing dinten menika Mbah Laut gunawangsa lan Mbah Toenggoel Woeloeng ngerahaken penduduk ing desa menika kanggo mbabat alas ingkang rengket mau kang badhe dipundaheaken desa. Sak sampunipun alas mau dibabat Mbah Laut gunawangsa, Mbah Toenggoel Woeloeng, lan para warga ngadaaken rapat yaiku ngresmoaken desa kang dibangun bareng-bareng mau. Amarga desa Bondo mau Kadadean soko alas ingkang subur lan kalimpahan pangan, para warga setempat menehi jeneng desa mau Bondo. Nalika Mbah Toenggoel Woeloeng sedo Mbah Toenggoel Woeloeng dipun sareaken ing kamar garwanipun lan saiki dadi makan Kristen  Toenggoel Woeloeng.      

Tidak ada komentar:

Posting Komentar